UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI
A.
Pangertosan
Unggah-ungguh ugi asring kasebat undha usuk, tingkat
tutur, tingkat ujaran, utawi speech level.
1.
Unggah-ungguh,
tegesipun tata pranata ing basa miturut lungguhing tatakrama.
2.
Undha usuk,
tegesipun tatakrama unggah-ungguhing ginem tuwin tindak-tanduk utawi sopan
babagan pangandikan lan tumindhakipun (pangucap saha patrap).
3.
Tingkat (speech
levels) inggih punika tata caranipun (kode) ngaturaken raos pakurmatan (sopan)
dhumateng tiyang sanes rikalanipun sami gineman.
Unggah-ungguhing basa menika mujudaken adat sopan
santunipun basa jawi jalaran adat utawi pakulinan sopan santun, mangertos lan
nindakake tatakrama menika saged mratelakaken pribadinipun tiyang jawi saha
cirining bebrayang (masyarakat) jawi.
B.
Panganggenipun
Basa Jawi
1.
Campur kode
a.
Homogen: mboten
campur kode.
b.
Heterogen:
ngginakaken basa ingkang dipuncampur / campur kode. (utaminipun dipun gunakaken
tiyang mudha/nem-neman).
Tuladha:
ndek wingi awan makan siang ning omahe Yoga.
2.
Alih kode
Tiyang gineman wonten samadyaning bebrayan agung
kedah ngungak panggenan lan kawontenan (empan papan), pramila asring
ngginakaken alih kode utawi gantos basa ingkang dipunginakaken.
Tuladha: A= kowe wis nyuci klambi durung?
B= wis ndek esok nyuciku klambi.
3.
Kirang ngembaka
Basa jawi ing wekdal menika ajinipun kirang lan
wonten bebrayan agung kawastanan kirang
ngrembaka, jalaran keterak: kolokial,
down float, rural.
a.
Kolokial
Basa jawi (ragam krama) kirang ngrembaka lan
kuncarawonten ing bebrayan agung, amargi namung kaginakaken ing kawontenan
mboten resmi (informal), namung
winates wonten ing tataran daerah (lokal).
b.
Down float
Basa jawi kirang ngrembaka lan sumebar wonten
bebrayan, jalaran mlorot ajinipun, mboten saged kangge jaminan gesang bebrayan
(masa depan), senajan pamanggih menika perlu dipun taliti malih kanthi titi lan
permati.
c.
Rural
Bebrayan agung jawi piyambak tasih sami anggadhahi
pemanggih bilih basa jawi menika basa ingkang kirang bergengsi, sipatipun
ndesani, ajrih dipun sebat ketinggalan jaman. Namung menawi kalihan basa lan
budaya manca, generasi mudha kita sami gandrung kayungyung ngantos lali purwa
duksina, kesupen kalihan kapribaden lan jatidhirinipun piyambak.
C.
Jinising
unggah-ungguhing Basa
Basa jawi menika adhedhasar wujudipun basa utawi
tembung (leksikon) bakunipun wonten
tiga, inggih menika basa: ngoko, madya, lan krama utawi unggah-ungguh basa
menika makna lan paedhahipun mujudaken sopan santun ing bab basa (linguistic
etiquette), ingkang saged kaperang dados tiga, inggih menika: low honorifics,
middle honorifics, lan high honorifics.
1.
Low honorifics,
tegesipun sopan santun ingkang andhap.
2.
Midle
honorifics, tegesipun ingkang cekapan utawi samadya.
3.
High honorifics,
tegesipun sopan santun ingkang inggil (ngurmati sanget).
Adhedhasar dhapukanipun ukara lan pamilihing tembung
basa jawi menika saged kaperang wonten pinten-pinten pamanggih, kadosta:
1.
Ki Padmususastra
(1989), unggah-ungguhing basa wonten 6 tataran, inggih menika:
a.
Basa ngoko:
-ngoko lugu.
-ngoko andhap: antya basa, basa antya.
b.
Basa krama:
-wredha krama.
-madya krama.
-madyantara.
c.
Krama inggil.
d.
Krama desa.
e.
Basa kedhaton
utawi basa bagongan.
f.
Basa kasar.
2.
Soepomo
poedjosoedarmo, dkk (1979); unggah-ungguhipun basa saged kaperang dados 9 tataran,
inggih menika:
a.
Krama: mudha
krama, kramantara, wredha krama.
b.
Madya: madya
krama, madyantara, madya ngoko.
c.
Ngoko: basa
antya, antya basa, ngoko lugu.
3.
Subalidinata
(1994), ngandaraken bilih unggah-ungguh basa jawi menika kaperang dados 2
perangan, inggih menika: ngoko lan krama (krama lugu lan kromo alus)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar